Sabtu, 04 Mei 2013

SK SERTIFIKASI SK BANTUAN KUALIFIKASI PENDIDIKAN SK TUNJANGAN FUNGSIONAL DIKDAS TAHUN 2013 JATENG

Wayahe wis bengi tapi tinimbang ora bisa turu mendingan ngapdet blog.
Siiiiaap.
Tahun 2012 dikbud ngetokna aplikasi pendataan dikdas sing tujuane apike pol nggo guru guru, tapi tujuan apik naha dong sosialisasine ora kumplit ya malah gawe ribut. lokeeeeeeenn????
Tahun 2013 pemerentah ngetokna SK SERTIFIKASI SK BANTUAN KUALIFIKASI SK TUNJANGAN FUNGSIONAL DIKDAS TAHUN 2013 nah kie masalahe.... ning kene solusine....

Sk sertifikasi kepala sekolah karo kanca guru senior dadak-dadakan ora metu, alasene jarene ana sing ngomong margane operator sekolah goblog ari ngisi jam pelajaran kurang sing 24 jam langsung kwe mripate pak kepala sekolah mecicil. Nah esuke kanca sing lagi pada S1 mecicil maning margane Banbel ora metu ( gemiyen lagi pan ndaftar tujuane donge pan luruh bea siswa apa pan luruh SIM?) NAh awan sethitik kanca WB metu sing kelas karo ngumpreng TF ora metu. Alasene pada bae jare margane operatore goblog. salah jam mengajar.
Ora lali turu owh si operator, masa nasibe wong ning sekolahan ditentukan ding operator? Ya lamon wonge sabar tur kepenakan? lhah dong ora? langsung nukari operator!!. padahal duwite wis pan nggo caya pirang pirang Nah kwelah pemahaman sing keliru.
Tahap pengajuan Bantuan ana 2 Manual karo Valdasi otomatis

1. Manual : Kabeh guru wis mengajukan berkas usulan sesuai kulifikasine dewek-dewek mungkin esih pada kemutan, terus diverifikasi ding Petugas Dinas secara manual sing datane memenuhi syarat diajukan ke pusat. Karena jarene datane valid akhire digawekna SK disesusuaikan dengan jumlah Kuota per kabupaten sekalian nama bank karo nomor rekening komplit.
2. Validasi otomatis maksude Wong sing SKne wis dadi langsung diupload maring pendataan dikdas untuk sinkronisasi antara SK dikbud karo data sekolah lewat aplikasi pendataan sekolah. Nah angger Nama, NUPTK, Nama sekolah pada karo SK dikbud lataneng Bisa Tayang ning internet sing datane ora singkron ora tayang. Paham ente?....Data sing valid bisa dicek NING KENE lamon singkron bisa tayang NING KENE.

Kesimpulane mbok iyaha data aplikasi dibeneri nganti mblenger dong pancen langka SKne ora bakal bisa tayang. Nah SK SERTIFIKASI SK BANTUAN KUALIFIKASI SK TUNJANGAN FUNGSIONAL DIKDAS TAHUN 2013 JATENG bisa dideleng ning Dikpora masing masing.
Ente jare sapa? Nah buktine akeh data sing ora valid asalkan Nama, NUPTK, Nama sekolah pada tetep bisa tayang. Bukti maning kanca SD nduwur ora tayang margane NUPTK salah tapi deweke wis weruh SK dikbud bahwa deweke metu langsung bae gawe rekening ning Bank Mandiri Banjaran trus si operator mbeneri NUPTK sa minggu langsung tayang. Bukti maning ana nama guru kelas sing kembar beda sekolah  angger berdasrkan dapodik kayane ora mungkin kecuali guru mapel. Bukti maning Ana operator sekolah, Kepala sekolah datane Valid jebul ora metu, tapi sing ora valid malah metu sebabe apa pengajuane dudu sing operator. Bentuk SKne kaya kiye




Mangkiya ora tayang asal wis ana SKne tetep kanggo sebab wis ditandatangani dikbud.
Khusus sertifikasi SK dibagi 6 tahap samapai saiki sing ws SK 60%  terdiri dari : Belum Update, memenuhi syarat, tidak memenuhi syarat, Siap SK, sudah cetak SK, SK belum cetak  gambare kaya kiye

















KABEH WIS ANA SING MEMVERIKSI MANUAL. DAPODIK HANYA SEBAGAI ALAT TAYANG Jarene tahun 2015 tah tidak ada tawar menawar semuanya mengandalakan aplikasi. termasuk sing saiki wis olih Gaji tetap. Data ora palid ya Hangus....
Sementara admin durung upload SK. Tapi dikpora kecamatan ws duwe kabeh. Sing pengin weruh status Sk silahkan mencantumkan Nama, NUPTK, sekolah, Email.
Semono disit muga muga bisa nngawe tenang ora nukari operator bae. pangampurane mbokan ana sing menyinggung. matur nuwun

Download ning kene

Tidak ada komentar:

HALAMAN YANG MUNGKIN ANADA SUKA

CARA INSTAL APLIKASI PERPUSTAKAAN PLUS TERBARU SENAYAN SLIM DAN DDC TERLENGKAP