Sabtu, 14 Januari 2012

PK GURU JAWA TENGAH dan LPMP JATENG


Butuh panduan PK Guru ( Penilaian Kinerja Guru )?
Pusing, pusing dan pusiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiing..........!!!!!!
Kuwelah gowokane guru sak Indonesia, bisane sih?.....ya iyalah saben ganti pemerintahan ganti maning peraturane. Ganti pemerintah... guru kudu D2, ganti pemerintah maning... guru kudu S1, padahal terus terang duwite wis ora cukup nggo kuliah, boro-boro kuliah lha wong nggo tuku uyah be olih utang ning tangga koh. Iya?....Wis bisa di etung dhewek lha jaman saiki, beras RP 8.000,00 trus lawuh sak dina ning desa minimal Rp 25.000,00 durung mbayar listrik, durung mbayar cah sekolah, apa maning sing Skne  di sekolakena ning BPD+BRI+BKK+Koperasi..... uhuk..uhuk.nangis sambat kaniaya
.
Pancene tah ya ora mukir, ana tunjangan nggo guru tapi tunjangan karo tugase ora imbang apa maning kaya admin sing golongane esih rendah wisssssss mumet ,...esuk-esuk mangkat jam pitu ning sekolahan ya kadang telat sithik, buku, RPP,materi, kudu wis siap kabeh thang-theng nganti  27 jam/minggu nah kuwe sing saben dina urung laporan mingguan, bulanan, tengah semester tahunan,sak gudang pegawean durung tambahan tugas sing sekolahan ekstra, bendahara BOS, sing setiap kegiatane kudu jelas tur dilaporna........salahe sapa milih dadi guru?......
Hehehe dadi curhat ya......tapi berarti guru kwe kerja temenan ya........
Nah wingi bar digebrak-gebrak nisn gebrak maning boisystem nah saiki diweden-wedeni pan ana PK guru sing dong krungu critane pak Wardoyo SD Dukuhbenda 04 ,..kye kaya inyong berat ,golongan rendah tur durung S1 padahal di ancer-anceri nganti tahun 2016...... nah eben luwih jelas pemerintah wis ngetokna cerita PK GURU dong pengin jelas di download bae terus di waca dipelajari ...aja kelalen di......lakoni......
Dong maca/download ngisi komentar ya sukur2 gelem gabung

Suwun 

3 komentar:

heri nusantara mengatakan...

bosok... mumet... ana maning yen mulang kelas 6 kudu lulus,,,
aslinE.. emang pmen yah???/ emang sbenere emang repot kwe guru SD... tapi wes dasar nasib,,pan pimen maning,,,

TANTO D' AREN mengatakan...

Sabar gih pak... biosystem kls 6 menawi mboten saged mlebet di waos wonten mriki http://aren-fc.blogspot.com/2011/12/pendataan-biosystem-online-kecamatan.html

Anonim mengatakan...

pancen. kulo sg mboten nyepeng kelas be ndelengnane melu-melu mumet...tapi ya ttp dijalani nggih pak?ikhlas niate ibadah (jarene)

HALAMAN YANG MUNGKIN ANADA SUKA

CARA INSTAL APLIKASI PERPUSTAKAAN PLUS TERBARU SENAYAN SLIM DAN DDC TERLENGKAP