Rabu, 28 Desember 2011

BUMIJAWA BAGIAN BARAT?... YA DUKUH AREN….

BUMIJAWA BAGIAN BARAT?... YA DUKUH AREN….
Assalamu’alaikum……!!!!!!!!!!
Bumijawa blok kulon tepate ning dukuharen kuwe salah sijine pedukuhan ning kelurahan Bumijawa sing saiki wis ngalami perkembangan sing bener – bener nyata.
Ana pirang –pirang aspek sing pancen luar biasa ning pembangunane kaya :
  1. TRANSPORTASI
  2. KOMUNIKASI
  3. TEKNOLOGI
  4. PENDIDIKAN
  5. KEAGAMAAN
  6. SOSIAL.
Wayah saiki admin tak cerita disit sing nomer siji ya kuwe transportasi

Eben gampang tak wein judul

TRANSPORTASI DUKUH AREN
Dukuh aren saiki wis ora kaya dukuh aren rong tahun mburi masyarakat saiki wis mulai sadar bab pentinge dalan ning dukuh aren. Mula saiki masyrakat giat nggolet cara kanggo menuhi kebutuhan dalan terutama gang sing mlebu maring dukuh aren blok njero. Contone gang sing tembus maring dalan raya.
Nah Alhamdulilah ……
  1. H. A Adjiono sing mandegani kelurahan bumijawa mein proyek PNPM Mandiri ya kuwe proyek rabat beton sing akhire dukuh aren nduwe dalan alus sing bias tembus daerah ngidul terutama pasaran menthik. Rupane dalan awit H Kus sampai karang anyar. Dalan liyane sing di bangun PNPM sing masjid ngulon daine dalan tengah wis rebesssss…
  2. Nah ora suwe mning ternyata wong sing seneng gelut  karo politik demokrat dipandegani wa Untung ngajukna maning maring pemerintah nggo mberesi dalan tembusan awit kidul makam nganti eben ketemu karo dalan PNPM. Beres maning olih hotmikan ditambah karo bangunan selokane
  3. Nah saiki giliran PDI sing dipandegani ding kang Roji karo wa Saan saiki wis maju maring pemerintah terus olih bantuan rabat beton saikine digunakena nggo gawe tembusan antar dalan lingkar dukuh aren ya kuwe dalan PNPM karo dalan alternative menthik jejeg sebelah kidul.
Kuwe sing berupa usahane wong dukuh aren ana maning sing usahane wong dukuh aren. Ana maning usahane pedukhan liya tapi hasile malah bias ngapik-apik dalan dukuh aren contone Karang anyar olih bantuan dalan ternyata nggo mbangun dalan dukuh aren-karang anyar (dalan alternative menthik-Jejeg). Maning wadas gantung nggawe daln tembus maring pasar Bumijawa akhire nggo dukuh aren maning sebab dong pan ning Bumijawa ya kudu duwe dalan maring dukuh aren disit.
Wis….
Esih ana maning dalan dukuh aren Dukuhbenda saiki wis di cekel ding PU dadine otomatis dalan blok tengah selalu apik….
Aja kelalen semono mau kader pemerintah thok….. OOOOORRRRAAAAAA!!!!!!!!
Masyarakat dukuh aren juga jasane gedhe awit urunan tenaga, duwit, watu, pangan. Pikiran sing dong di etung ngantikan puluhan mungkin atusan juta…tapi ora katon ya….. ya ora papa demi dukuh aren.
Pesene admin kabeh masyarakat tuwa enom sing bersukur kudu gelem mulasara aja mbuang sampah sembarangan dadine selokane ora macet dadine dalane awet….
Semono disit To be continue…..
Wassalam.

Tidak ada komentar:

HALAMAN YANG MUNGKIN ANADA SUKA

CARA INSTAL APLIKASI PERPUSTAKAAN PLUS TERBARU SENAYAN SLIM DAN DDC TERLENGKAP