Selasa, 20 Desember 2011

DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK? HANG ?......

DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK?  HANG ?......
Ndeyan ana kanca neter sing pernah ngalami kejadian internetan nganggo modem hp nokia CDMA kabel datane DKU 5 pas lagi asyik googling ujug-ujug hang, utawa kabel + hp wis di konek jebule port malah ora kedetek utawa ora muncul. ….. puas ladas temen….. rencana pesbukan gagal….heheheheheee…. guyon mas just only guyon…
Nah nyong dewek ya ngalami sing kaya kuwe pirang-minggu takon ning buyut google, tirakat ning ngarepe kompi uthak-athik mbokan bias konek ……ceeeees bisa konek thang-theng ceting-an karo kanca nahhhhhhh ana maning ..ujug-ujug…..BLUE SCREEN…Layar biru kabeh trus nrestat jengkel, mangkel, medhegel, kwe kompi pengine dibanting….akhire bisane mukur sambat kaniaya…..rekasa temen wong urip nang gunung langka internet sapidi sing mlayune kaya curut….. mandangan ngango modem cdma malah layare biru …..drivere jare ora cocok……
Bareng suwe-suwe tak pikar-pikir puasa senen kemis akhire ketemu sanusine… kebeneran admin mbiyen gelute karo elektronik ning bengkel elektronik peralatan rumah tangga 1995-1998 dadi nglantur …
Balik maning kyeh sing wis tak lakone terus dienggoni nganti sak prene………

DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK?  HANG ?......Sebabe : A. driver ora cocok, B. strume ( catu daya ) kurang C. kabele wis soak .
Kye tak crita siji-siji sanusine..
Kabele nyong DKU 5 sing sisan kabel cesan.

A. DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK?  HANG ?.........
1.      drivere di update arane PL-2303 driver.exe njaluk bae ning bapane ente ( bapak gogel)
2.      pas updet kabele di copot disit ya true restat

B. DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK?  HANG ?.......
Sak benere strum sing paling apik nggo USB sekitar 3,5 - 5v dong kurang ya USB ora kedetek. Nah DKU 5 kwe gaweane Haji cing seng dadine sing penting bisa nyambung ora mikir sak mrutu-mrutune…murah…meriah…tur maregi….hehehehhe.. nah ngakaline
  1. golet kabel sing apik dong inyong ngango bekas kabel line telepon (isi 4)
  2. kabel asline ditugel disambung kabel line telepon
  3. kabel sing maring socket hp dicendeki ya kisaran 7cm bae
  4. terus tutupe di bolongi nggo gawe lubang udara endah ora gelis panas
  5. aja kelalen siap solder, kawat patri, gunting dll
  6. aja wedi gampang ikih di coba bea

C. DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK?  HANG ?.......
            Nah no 3 kye sing paling gampang
  1. buwang bae
  2. njaluk duwit ning bapane
  3. toli tuku maning
  4. beres lah
Nah kwe pengalamane nyong sing judule DKU 5 DAN NOKIA CDMA TIDAK KONEK?  HANG ?.......
 ….mbokan salah ya tulung di benerna tapi ente kudu sportif, jantan, lanang,  dong pancen pan melu-melu ya tulung ngisi komentar aja meneng bae..
Salam dari kami sekeluarga

2 komentar:

Anonim mengatakan...

trims

Anonim mengatakan...

tengkyu inpohe kang

HALAMAN YANG MUNGKIN ANADA SUKA

CARA INSTAL APLIKASI PERPUSTAKAAN PLUS TERBARU SENAYAN SLIM DAN DDC TERLENGKAP